Thursday, September 10, 2015

APA UNGGAH-UNGGUH IKU PERLU ?


            Tiyang jawi nduweni pola gesang ingkang unik. Tingkah laku lan sifatipun tiyang jawi ing panguripan wonten masyarakat angel dimangeteni ugi mboten saged dipun kira-kira kanthi temenan. Tiyang jawi pinter sanget ngumpetake karepipun.
Kejawi punika ugi nduweni prinsip ingkang nuduhaken menawa tiyang jawi menika mesthi andhap asor, ngajeni marang tiyang sanes ugi rela ngorbanake punapa kemawon kangge tiyang sanes. Saengga saged mujudake panguripan ingkang rukun lan tentrem. Tiyang jawi bakal tetep ngajeni marang tiyang sanes ingkang langkung dhuwur umure, derajate utawa palenggahane. Perkara menika ingkang bakal dados dasar pembahasan menawa unggah-ungguh punika penting.
Unggah-ungguh miturut bahasa yaiku gabungan saking tembung unggah lan ungguh. Tembung unggah wonten ing kamus basa jawa tegese munggah, yaiku tiyang jawi nalika ngajeni marang tiyang sanes adedashar marang tingkat palenggahan utawa derajat ingkang lewih dhuwur. Dene tembung ungguh tegese wonten, papan, pantes utawa cocok. Iku nduweni makna menawa tiyang jawi ngajeni marang tiyang sanes kudu mirsani utawa nggatekake kahanan lan kudu ati-ati.
Unggah ungguh wonten ing ilmu basa jawa inggih  menika saking tembung dwilingga salin swara saking tembung “ungguh” ingkang di pun baleni kaping pindo. Tegesipun tembung ungguh inggih menika kepripun tumindake marang tiyang sanes ingkang  kita ajak sesambungan,ingkang dipun dasarake marang strata,tingkatan,kasta lan levelenipun.
Unggah-ungguh Basa Jawa ngemu surasa ngudi subasita/tatakrama tumuju kapribadhen kang santosa, kang bisa diwujudake watak andhap asor, ngajeni tiyang sanes adhedhasar lantiping sasmita, tajem ing panggraita, alus rasa pangrasaning ati, lan watak-watak luhur liyane marang sapadha-padhane manungsa.
Unggah-ungguh Basa Jawa yaiku adat sopan santun, tatakrama, tatasusila nggunakake Basa Jawa. Undha-usuke Basa Jawa miturut unggah-ungguhe kena kaperang dadi 5, yaiku :
1.      Basa ngoko, kaperang dadi 2, yaiku Ngoko Lugu lan Ngoko Andhap (isih kaperang maneh dadi 2, Antya Basa lan Basa Antya).

a.       Ngoko Lugu
Ngoko Lugu yaiku minangka tataran basa kang paling asor ing undha usuk Basa Jawa. Wujud tembunge ngoko, ora ana tembung krama utawa krama inggil tumrap wong sing diajak guneman. 
Gunane kanggo guneman antarane :
·      Wong tuwa marang bocah enom
·      Wong kang sadrajad utawa wis raket sesrawungane
·      Wong apangkat dhuwur marang pegawene
·      Bocah cilik karo kancane
·      Ngunandika (ngomong dhewe)

b.      Ngoko Andhap, yaiku basa ngoko kang alus sarta luwih ngajeni marang wong kang diajak guneman. Wujude arupa basa ngoko kacampur tembung krama inggil tumrap wong kang diajak guneman. Yen dirasa kurang ngajeni sok dicampur tembung krama sawetara. Panganggone basa ngoko andhap iku kanggo guneman antarane :
·      Sedulur tuwa marang sedulur enom kang luwih dhuwur drajade
·      Bojone priyayi marang sing lanang
·      Priyayi marang priyayi yen wis ngoko-ngokonan (kulina/raket)

2.      Basa madya, kaperang dadi 3, yaiku Madya Ngoko, Madyantara lan Madya Krama.
a.       Madya Ngoko
Basa Madya Ngoko iku lumrahe kanggo bakul padha bakul, priyayi marang sor-sorane.
b.      Madyantara
Basa Madyantara iku lumrahe kanggo wong padesan marang wong liya kang dianggep luwih tuwa utawa kinurmatan  padha-padha priyayi sing wis kulina, bojone priyayi marang sing lanang (yen durung kulina), priyayi marang sanake tuwa kang luwih asor.
c.       Madya Krama
Basa Madya Krama iku lumrahe kanggo padha-padha priyayi sing wis kulina, ojone priyayi marang sing lanang (yen durung ngoko)

3.      Basa Krama, kaperang dadi 5, yaiku Kramantara, Mudha Krama, Wredha Krama, Krama Inggil, lan Krama Desa.
a.       Kramantara
Kramantara wujude tembung madya, krama, lan krama inggil. Kramantara digunakake dening sapadha-padha, ngajeni sawetara, lan lagune kumraket.
b.      Mudha krama
Mudha krama wujude tembung krama. Tumrap wong kapindho nganggo krama inggil. Mudha krama digunakake dening wong enom marang wong tua, priyayi maran sababage, lan marang kanca kang durung patia wawuh.
c.       Wreda Krama
Wujude tembung krama digunakake dening wong tua marang wong enom nanging ngajeni sawetara.
d.       Krama Inggil
Basa Krama inggil yaiku basa kang tujuane kanggo ngajeni banget marang sing dijak guneman, meh padha karo Basa Mudha Krama.
e.       Krama Desa
4.      Basa Kedhaton.
Wujude tembung krama basa kedaton, digunakake dening sentana abdi dalem ratu manawa guneman wonten saroning cepuri kraton utawa ing ngarsane ratu.
5.      Basa Kasar
Wujude mung ngoko lan ucapane utawa lagune kasar. Digunakake marang dening wong kang ngremehake marang wong kang diajak guneman utawa basa kang wong muring-muringv(nesu).
Unggah-ungguh utawi ingkang ateges tata sopan santun wonten ing sikap lan tata laku manungsa wonten ing panguripan sadinten-dinten sampun ngalami lingsire eksistensi maknane. Wonten perkembangane, ing jaman biyen tiyang jawi tesih taat lan patuh utawa tunduk marang apa kang dianggep leluhur utawa wejangan sesepuh mboten ucul saking unsur ingkang nglatar wingkingipun. Ananging ing jaman saiki akibat wontenipun pegaruh ilmu pengetahuan ingkang sang saya maju, budaya wetan (  keramahan ) sampun lingsir.
Unggah-ungguh menika perlu,amargi:
1.      Unggah-ungguh Basa Jawa ngemu surasa ngudi subasita/tatakrama tumuju kapribadhen kang santosa,
Wontene unggah-ungguh menika saget ndadosake kepribadiane tiyang ingkang sae, amargi unggah-ungguh menika kaya aturan nanging mboten kaserat nanging lesan. Unggah -ungguh iku saged njaga rasa hormat antawis sipun tiyang enem marang tiyang sepuh amargi unggah-ungguh menika saged ndadosake kit nduweni tindak-tanduk ingkang sae kalih tiyang sepuh. Kanthi wontene unggah-ungguh menika saged ndadosake raos tiyang sanes dipun hurmati dateng kita ing masyarakat.
2.      Unggah-ungguh iku gawe urip tumata, lan gawe tindak-tanduke manungsa kang mboten sekarepe dhewe.
Unggah-ungguh menika yaiku aturan  ingkang digunakake dening tiyang jawi kangge wawan rembug. Kanthi anane unggah-ungguh menika kita sedaya dados nduweni aturan kepriye sakmestine dhewe nalika wawan rembug.Kepriye dewe nalikane ngendika kaliyan tiyang sepuh, nalika ngendika sesami utawa nalikane ngendika kaliyan tiyang ingkang lewih enom. Kanthi menika nalikane wawan rembug kita mboten saged sakarepe dhewe sahingga uripe saget tertib.
        Wontene unggah-ungguh gawe masyarakat jawi tumidak ati-ati utawi mikirake tiang sanes mboten sakarepe dewek. Wong jawa kang nduweni unggah-ungguh bakalan mikir sadurunge ngucap utawa tumindak. Sahingga tiyang sanes ingkang dipun ajak guneman mboten tersinggung amargi pangucapane mboten leres lan kejaba menika tiyang kasebut ugi saged ngurmati awake dewek.








No comments:

Post a Comment